Pages

Tuesday, December 20, 2016

PANGKUR   GALA-GALA.  PL.5



 ojo nggodho mangrencono
mapan ingsun,yo ingsun jatining urip
dumaduku soko enu
heneng heninging cipto
singangsono mrih rahayu ing prajaku
sinebut puro kencono
bebetenge rajeg wesi.

sakehing wernaning godho
rinumpoko,dadi purnaning urip
samengko wus katon urup
ariping kawaskithan
datan mangro arabpe nadyan lumaku
jatene wong jowo kuno
biso nompo kang lumadi.

lulus lolosing memolo
temah lalis,pangrencono sumingkir
bali maring sangkanipun
adoh biso jinongko
nadyan tebih satemah ngungsi keplayu
katrajang ing maruto
bagas waras lawan wiris