Thursday, April 25, 2013
TEMBANG MEGATRUH.
Kacarito kyono patih dhendho bahu
pan sarwi teken encis
amenggang gesar walulung
apindho jakir nagari
yen ka anggul janmo menggok.
Awyo kliru kang jeneng urip puniku
kang gumelar neng bumi
sing biso branahan iku
run-tumurun ing salami
tetuwuhan kewan jalmo.
Kabeh iku mung manungso kang pinunjul
margo nduwe lahir batin
jroning urip iku mau
isi ati klawan budi
iku pirantine uwong.
Dhuh GUSTIKU sri romo kang hambeg sadu
patik bro hatur hudani
kalamun kusumaningrum
dyah sinto sinaut wani
dening rahwono ngalengko.
Yen woh-wohan enak mentah iku timus
enak mateng iku kweni
manggis enak bibaripun
pelem enak mateng legi
salak enak rodo bosok.
Nora keno sinelak-selak pineluk
mring kang ngadang-ngadang sisip
yen loro anggepe reku
temah kether maring ngening
adoh kaelet tan adhoh.
Kang waskitho mongso iso keno kliru
suwondo-suwondo yekti
sosro bahu-sosro bahu
yen lagi kinaryo silih
yekti lang sifate loro.
Dhuh-dhuh dewo bathoro ingkang linuhung
mugi paringo haksami
mring dasih kang wlas ayun
kasangsoyo gung prihatin
sru nalongso jroning batos.
Puluh-puluh wus begjane awak ingsun
kudu pisah yayah wibi
tan langgeng den mong wong sepuh
boyo wus karsane GUSTI
pinasthi dewe wak ing ngong.
Sigro milir sang nggethek si nonggo mbajul
kawandoso kang njageni
ing ngarso miwahing pungkur
tanapi ing kanan kering
sang nggethek lampahnyo alon.
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment