Pages

Sunday, April 21, 2013




NAFSU KAREMENANE MANUNGSO.



 Nafsu ning manungo iku ono patang perkoro yeku,nafsu MUTMAINAH,ALUAMAH,AMARAH,SUFIYAH.

Ing kene bakal sun babarake NAFSU KAREMENANING MANUNGSO yeku;

1.KASURAN.
  
   Kasuran sing tegese kewanen utowo biso winastanan kaladuk kurang dedugo.

2.KAGUNAN.

   Kagunan sing tegese kepinteran utowo kaluwihan,aweh doyo kabisan,kawibawan munggahe neng kanugrahan.

3.KASUGIHAN.

   Kasugihan ing kene iku tegese beyo,modal harto kang linuwih,nujune aneng kajen keringan nut kapribaden lan tingkah lakune.

4.KABRAYAN.

   Kabrayan mowo teges BEBRAYAN,nuju ing karukunan,keluargo,konco munggaing ng liyan bebrayan.mowo doyo ing pasarawungan,saling bantu binantu.

5.KALUHURAN.

   Kaluhurantegese kautaman,mapan ing budu pekerti,tindak-tanduk lan muno-muni,weh doyo ing ketemenan lan kajujuran.

6. KAYUSWAN.

   Kayuswan  mowo arti panjanging yuswo,waton ati tansah ayem,tentrem nora kaetung akehe bondho dunyo,nanging menebping ati.

7. KAYUWANAN.

    Kayuwanan ceto iku tegese kawilujengan utowo kaslametan
       




UTAMANING LAKU TUMINDAK.


Utamaning laku lan tumindak iku ono telung perangan ;


1.KEMANTEPAN SIFAT.

   tegese,percoyo marang awak'e dewe waton manungso iku asring nganak'ake panyuwunan den iringi lawan obaing wiradat lan iktiar,aku yakin GUSTI ALLOH bakal ngabungalake opo kang dadi gegayuhane kabeh titahe,datan pandang bulu opo pangkat,drajad,lan agamane,waton datan ngenal nyerah lan putus asa.

2.KEMANTEPAN AF'AL.

   yeku kemantepan marang niat,lan mantepe ati kito kabeh.
   Ono unen-unen sing jenengi NIAT iku dibarengi marang,TEKAD lan MANGKAT,tembunge ''NIAT TEKAD MANGKAT''. katelune kudu bareng2 linakoni.
NIAT; iku tegese krenteke ati, TEKAD ; iku budi dayane manungso ( usaha ), MANGKAT ; tegese dilakoni,di angkati.

3.KEMANTEPAN ZAT/UJUD.

  Kito kudu percoyo GUSTI tansah ngijabahi uwong kang bener2 nindak'ake kabeh syarat ing nduwur kasebut.
percoyo anane GUSTI ALLOH sanadyan sifating GHOIB nanging ONO lan WUJUD.


  Karono ono tembunge  ''ILMU TANPO PAPAN TULISAN''

Yeku pitakone; 

swasono sunyi sepi naliko durung ono bumi lan langit,banjur ono ngendi dununge ''ALLOH'' lan ono mangendi palenggahane ???


      wangsulane insakalloh;

anane mung LATAKYUN utowo kang kasebut ''KUN''.

banjur pilenggahane dumunung ing ono NUKAT wilayah GHOIB.        

No comments:

Post a Comment