Pages

Sunday, April 21, 2013







                    ''OJO RUMONGSO BISO,BISOHO RUMONGSO''.


Kaburu nafsu pitutur datan den paelu
kabeh di adepi kanti roso nesu
tundone kroso ewuh anggone lumaku
ono arah mangeni kang den tuju
rasane binggung pindane wong linglung
pikiran sae blas datan tuwuh
nganti ponang rogo koyo uwuh.


                         Ngasorake martabat lan harga diri
                         abot-abote bakal njejegake ekonomi
                         wekasane tansah angadi-adi
                          rumangsane dewek'e biso ngawak'i
                         datan mingsro anggone mawei
                         paribasan nganti koyo-koyoho nyulapno rai
                         ewodene datan nyembadani lan murakapi.


Menungso nora darbe roso
ibarat mung kadunungan nyowo thok
ngongso bondho direwangi ngumbulne jenenge wong liyo
opahe kanggo nyukupi butuhe kaluwargo
nganti bonggo lan bongko temah dadi leno ing pangalembono.


                           mrono-mrene mung dadi bahu
                           rasane ati abot ngungkuli babu
                           wira-wiri elok'e mung wong melu
                           di rewangi paseduluran podo padu
                           wusanane keno ing bebendu lan sesiku.


        


Wis rumongso isi lan aji
datan ngrekso martabating diri
rumangsane koyo wong di ajeni
jebul nora tekan jroning ati
drenki,srei tansah den persudi
semelang mengko yen di ungkul-ungkuli
wong bakale mesti menungso mati.



Gayane koyo wong gedhe
nora mikir kabeh brayat dulure
datan mikir suk tembe mburine kepiye
kepingin sung bebunggah marang wong atuwane
nadyan banget cengkah marang lair lan batine
dhoyong adek-adeke nganti koyo kere munggah mbale.


               Ngendelake sworo kang groboh
               rumangsane keno kanggo doyo lan sanjoto
               dadi pikire wong tuwo datan rumongso
               seprono-seprene uripe nora guno lan tonjo
               ngongso bodho,nora eling suk praloyo,.


Wanito kinaryo panggodho
gegayuhan kang ingsun sedyo lan jongko
pasrah mring kang kawoso,margo kabeh tan sampurno
tahto,wanito lan bondho dadi rubedo
kanggo geneping lelakon,isining jagad royo.


        

No comments:

Post a Comment