Saking keluwargo Ibu SISUM DRIGUL kagungan putro cacah 5 ,antawisipun ;
1.LUDIRO 2.LUKITO 3.NUR 4.LUMBINI 5.AGUNG.
Keluwargo saking Bapak Ki.WANADI SUPARNO, kagungan putro cacah ,antawisipun ;
1. SRI REJEKI 2.SIGIT 3.TARI 4.TEGUH 5.NUNIK.
Wednesday, September 18, 2013
WAYANG
HASTO PUSPO ATMOJO.
DANDANGGULO.
Kang mangkoni poro jawotodi angratoni ing nagri kahyangan suroloyo negarane wewisik sang HYANG GURU mengku garwo DEWI UMAYI peputro poro dewo ugi poro wasu gyaniro jumenengnoto angranggoni poro hapsoro hapsari SANG PRABU NILOKONTHO.
PANDAWA SANTRI HASTO PUSPO ATMOJO.
Dalam cerita pewayangan,ada perang besar bernama BARATAYUDA JAYA BINANGUN. perangnya para darah kuru yg disebut tandingnya kaum KORAWA dan para ksatriya yg berbudi luhur yakni satriya PANDAWA. dlm peperangan ini dimenangkan oleh pihak pandawa yg dibantu oleh dewa utusan jagad SRI BATARA KRESNA yg merupakan titisan dewa WISNUTARA. padahal dlm peperangan baratayuda ini kaum korawa berjumlah 100 jg dibantu para raja 1000 negara,tp karena kelicikan dan kecerdikan SRI KRESNA satriya pandawa yg berjumlah cuma 5 orang dpt unggul dlm perang karena strategi SRI KRESNA.
Setelah para ksatriya pandawa memenangkan peperangn ini,sang prabu YUDISTIRA mmemikirkan siapa yg pantas memerintahkan jadi penguasa raja HASTINA. Setelah semua dirundingkan dlm musyawarah,putra abimanyu R.PARIKESIT di wisuda jumeneng raja di negara HASTINA dng gelar PRABU PARIPURNA. Setelah usai acara wisudan para pandawa akan melangkah berikutnya menuju jenjang kapanditan/wasi disebut jg SANTRI Satriya yg sudah mungkur dr keduniawian,memperdalam ilmu kenirwanaan.
SINENGKALAN SEKAR DANDANGGULO.
Pro pandowo suko amurwani angayati acoro wisudan anjenengi kawulane angganti wongso kuru kang ngratoni sang PARIKESIT rojo hastino puro putro ABIMANYU sinengkuyung pro nayoko mbahu dendho mangku kawulo sanagri,gelare PARIPURNO.
Ing makene satriyo winardi kalokane sinebut PANDOWO kang wus tilar kadunyane arso gyo anyenyuwun karaharjan toto lan titi ngranggani ing hastino kapurbo ing kayun jeneng siro PARIPURNO amurnani tumindak sengkolo juti sembodo noto projo.
Thursday, April 25, 2013
TEMBANG ASMORONDONO.
Jomblah wanuh ingkang wadi mangkono umpaminiro pamestri kuwajibane den wanug bidining priyo dimen antuk sih tan kendhat mbok menowo wuwuh-wuwuh wikaning tyas marang siro.
Jamane nyoto wus keksi sopo gelem nambut karyo bakal nompo pituwase nging podo elin-elingo sosial mring sasomo nggenyo sami golek butuh tan mung nggo diri priyanggo.
wus begjanee wong kang sugih samubarang kasembadan wragat kapetung sepele kabutuhan wus sumadyo keporo kari obo dunyo iki pancn makmur mung emane durung wroto.
Kang kulino den adepi rekasane ngupo bogo repot rumpil abot angel mulo jeneng kasarasan kang butuh wragad larang nora kober dipun rembug keporo den sepelekno.
Pembangunan jaman iki ing alam kang wus mardiko ketoro kamakmurane yen sinawang sakeplasan wroto sanuswantoro nging yen mlebet njajah dhusun pranyoto bangkit den makno.
Ngungak jaman duk ing uni negoro kita jinajah sakiki kari penak'e bisane kalakon roto makmur deso ngadeso saranane tetep kudu sengkut gumregut makaryo. Lumrah tumraping ngaurip dumunung sadhengah papan tan ngroso cukup butue ngenteni rezeki tibo lamun tanpo makaryo sengsoro bisane pethuk kang mangkono bundhelono.
Nginguk pawarto ing jawi reregan barang trus mundhak ojo mung gedhe sambate iku wus ingaran lumrah sayekti kabeh imbang tan ono reregan mudhun jangkeping sen-isen dunyo.
Negoro mardiko iki tinarbuko kalodhangan tumrap kabeh sopo wae kang kepingin kecukupan bebas nggenyo makaryo waton awyo kongsi ngganggu katentremaning bebrayan.
TEMBANG MEGATRUH.
Kacarito kyono patih dhendho bahu pan sarwi teken encis amenggang gesar walulung apindho jakir nagari yen ka anggul janmo menggok.
Awyo kliru kang jeneng urip puniku kang gumelar neng bumi sing biso branahan iku run-tumurun ing salami tetuwuhan kewan jalmo.
Kabeh iku mung manungso kang pinunjul margo nduwe lahir batin jroning urip iku mau isi ati klawan budi iku pirantine uwong.
Dhuh GUSTIKU sri romo kang hambeg sadu patik bro hatur hudani kalamun kusumaningrum dyah sinto sinaut wani dening rahwono ngalengko.
Yen woh-wohan enak mentah iku timus enak mateng iku kweni manggis enak bibaripun pelem enak mateng legi salak enak rodo bosok.
Nora keno sinelak-selak pineluk mring kang ngadang-ngadang sisip yen loro anggepe reku temah kether maring ngening adoh kaelet tan adhoh.
Kang waskitho mongso iso keno kliru suwondo-suwondo yekti sosro bahu-sosro bahu yen lagi kinaryo silih yekti lang sifate loro.
Dhuh-dhuh dewo bathoro ingkang linuhung mugi paringo haksami mring dasih kang wlas ayun kasangsoyo gung prihatin sru nalongso jroning batos.
Puluh-puluh wus begjane awak ingsun kudu pisah yayah wibi tan langgeng den mong wong sepuh boyo wus karsane GUSTI pinasthi dewe wak ing ngong. Sigro milir sang nggethek si nonggo mbajul kawandoso kang njageni ing ngarso miwahing pungkur tanapi ing kanan kering sang nggethek lampahnyo alon.