Thursday, April 25, 2013
TEMBANG ASMORONDONO.
Jomblah wanuh ingkang wadi
mangkono umpaminiro
pamestri kuwajibane
den wanug bidining priyo
dimen antuk sih tan kendhat
mbok menowo wuwuh-wuwuh
wikaning tyas marang siro.
Jamane nyoto wus keksi
sopo gelem nambut karyo
bakal nompo pituwase
nging podo elin-elingo
sosial mring sasomo
nggenyo sami golek butuh
tan mung nggo diri priyanggo.
wus begjanee wong kang sugih
samubarang kasembadan
wragat kapetung sepele
kabutuhan wus sumadyo
keporo kari obo
dunyo iki pancn makmur
mung emane durung wroto.
Kang kulino den adepi
rekasane ngupo bogo
repot rumpil abot angel
mulo jeneng kasarasan
kang butuh wragad larang
nora kober dipun rembug
keporo den sepelekno.
Pembangunan jaman iki
ing alam kang wus mardiko
ketoro kamakmurane
yen sinawang sakeplasan
wroto sanuswantoro
nging yen mlebet njajah dhusun
pranyoto bangkit den makno.
Ngungak jaman duk ing uni
negoro kita jinajah
sakiki kari penak'e
bisane kalakon roto
makmur deso ngadeso
saranane tetep kudu
sengkut gumregut makaryo.
Lumrah tumraping ngaurip
dumunung sadhengah papan
tan ngroso cukup butue
ngenteni rezeki tibo
lamun tanpo makaryo
sengsoro bisane pethuk
kang mangkono bundhelono.
Nginguk pawarto ing jawi
reregan barang trus mundhak
ojo mung gedhe sambate
iku wus ingaran lumrah
sayekti kabeh imbang
tan ono reregan mudhun
jangkeping sen-isen dunyo.
Negoro mardiko iki
tinarbuko kalodhangan
tumrap kabeh sopo wae
kang kepingin kecukupan
bebas nggenyo makaryo
waton awyo kongsi ngganggu
katentremaning bebrayan.
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment