Saking keluwargo Ibu SISUM DRIGUL kagungan putro cacah 5 ,antawisipun ;
1.LUDIRO 2.LUKITO 3.NUR 4.LUMBINI 5.AGUNG.
Keluwargo saking Bapak Ki.WANADI SUPARNO, kagungan putro cacah ,antawisipun ;
1. SRI REJEKI 2.SIGIT 3.TARI 4.TEGUH 5.NUNIK.
Wednesday, September 18, 2013
WAYANG
HASTO PUSPO ATMOJO.
DANDANGGULO.
Kang mangkoni poro jawotodi angratoni ing nagri kahyangan suroloyo negarane wewisik sang HYANG GURU mengku garwo DEWI UMAYI peputro poro dewo ugi poro wasu gyaniro jumenengnoto angranggoni poro hapsoro hapsari SANG PRABU NILOKONTHO.
PANDAWA SANTRI HASTO PUSPO ATMOJO.
Dalam cerita pewayangan,ada perang besar bernama BARATAYUDA JAYA BINANGUN. perangnya para darah kuru yg disebut tandingnya kaum KORAWA dan para ksatriya yg berbudi luhur yakni satriya PANDAWA. dlm peperangan ini dimenangkan oleh pihak pandawa yg dibantu oleh dewa utusan jagad SRI BATARA KRESNA yg merupakan titisan dewa WISNUTARA. padahal dlm peperangan baratayuda ini kaum korawa berjumlah 100 jg dibantu para raja 1000 negara,tp karena kelicikan dan kecerdikan SRI KRESNA satriya pandawa yg berjumlah cuma 5 orang dpt unggul dlm perang karena strategi SRI KRESNA.
Setelah para ksatriya pandawa memenangkan peperangn ini,sang prabu YUDISTIRA mmemikirkan siapa yg pantas memerintahkan jadi penguasa raja HASTINA. Setelah semua dirundingkan dlm musyawarah,putra abimanyu R.PARIKESIT di wisuda jumeneng raja di negara HASTINA dng gelar PRABU PARIPURNA. Setelah usai acara wisudan para pandawa akan melangkah berikutnya menuju jenjang kapanditan/wasi disebut jg SANTRI Satriya yg sudah mungkur dr keduniawian,memperdalam ilmu kenirwanaan.
SINENGKALAN SEKAR DANDANGGULO.
Pro pandowo suko amurwani angayati acoro wisudan anjenengi kawulane angganti wongso kuru kang ngratoni sang PARIKESIT rojo hastino puro putro ABIMANYU sinengkuyung pro nayoko mbahu dendho mangku kawulo sanagri,gelare PARIPURNO.
Ing makene satriyo winardi kalokane sinebut PANDOWO kang wus tilar kadunyane arso gyo anyenyuwun karaharjan toto lan titi ngranggani ing hastino kapurbo ing kayun jeneng siro PARIPURNO amurnani tumindak sengkolo juti sembodo noto projo.
Thursday, April 25, 2013
TEMBANG ASMORONDONO.
Jomblah wanuh ingkang wadi mangkono umpaminiro pamestri kuwajibane den wanug bidining priyo dimen antuk sih tan kendhat mbok menowo wuwuh-wuwuh wikaning tyas marang siro.
Jamane nyoto wus keksi sopo gelem nambut karyo bakal nompo pituwase nging podo elin-elingo sosial mring sasomo nggenyo sami golek butuh tan mung nggo diri priyanggo.
wus begjanee wong kang sugih samubarang kasembadan wragat kapetung sepele kabutuhan wus sumadyo keporo kari obo dunyo iki pancn makmur mung emane durung wroto.
Kang kulino den adepi rekasane ngupo bogo repot rumpil abot angel mulo jeneng kasarasan kang butuh wragad larang nora kober dipun rembug keporo den sepelekno.
Pembangunan jaman iki ing alam kang wus mardiko ketoro kamakmurane yen sinawang sakeplasan wroto sanuswantoro nging yen mlebet njajah dhusun pranyoto bangkit den makno.
Ngungak jaman duk ing uni negoro kita jinajah sakiki kari penak'e bisane kalakon roto makmur deso ngadeso saranane tetep kudu sengkut gumregut makaryo. Lumrah tumraping ngaurip dumunung sadhengah papan tan ngroso cukup butue ngenteni rezeki tibo lamun tanpo makaryo sengsoro bisane pethuk kang mangkono bundhelono.
Nginguk pawarto ing jawi reregan barang trus mundhak ojo mung gedhe sambate iku wus ingaran lumrah sayekti kabeh imbang tan ono reregan mudhun jangkeping sen-isen dunyo.
Negoro mardiko iki tinarbuko kalodhangan tumrap kabeh sopo wae kang kepingin kecukupan bebas nggenyo makaryo waton awyo kongsi ngganggu katentremaning bebrayan.
TEMBANG MEGATRUH.
Kacarito kyono patih dhendho bahu pan sarwi teken encis amenggang gesar walulung apindho jakir nagari yen ka anggul janmo menggok.
Awyo kliru kang jeneng urip puniku kang gumelar neng bumi sing biso branahan iku run-tumurun ing salami tetuwuhan kewan jalmo.
Kabeh iku mung manungso kang pinunjul margo nduwe lahir batin jroning urip iku mau isi ati klawan budi iku pirantine uwong.
Dhuh GUSTIKU sri romo kang hambeg sadu patik bro hatur hudani kalamun kusumaningrum dyah sinto sinaut wani dening rahwono ngalengko.
Yen woh-wohan enak mentah iku timus enak mateng iku kweni manggis enak bibaripun pelem enak mateng legi salak enak rodo bosok.
Nora keno sinelak-selak pineluk mring kang ngadang-ngadang sisip yen loro anggepe reku temah kether maring ngening adoh kaelet tan adhoh.
Kang waskitho mongso iso keno kliru suwondo-suwondo yekti sosro bahu-sosro bahu yen lagi kinaryo silih yekti lang sifate loro.
Dhuh-dhuh dewo bathoro ingkang linuhung mugi paringo haksami mring dasih kang wlas ayun kasangsoyo gung prihatin sru nalongso jroning batos.
Puluh-puluh wus begjane awak ingsun kudu pisah yayah wibi tan langgeng den mong wong sepuh boyo wus karsane GUSTI pinasthi dewe wak ing ngong. Sigro milir sang nggethek si nonggo mbajul kawandoso kang njageni ing ngarso miwahing pungkur tanapi ing kanan kering sang nggethek lampahnyo alon.
CAKEPAN TEMBANG MOCOPAT MIJIL.
Pomo kaki podho dipun eling ing pitutur engong siro ugo satriyo arne kudu anteng jatmiko ing budi ruruh sarwo wasis samubarangipun.
Dipun nedyo prawiro ing batin nanging ojo katon sasonoho yen durung mangsane kekendelan jo wani manikis wiweko ing batin den samar ing semu.
Lan di mantep ing panggawe becik lawan wekas ingong ojo kurang iyo panrimane yen wis tinitah marang HYANG WIDI ing badan puniki wus pepancenipun.
Yen wong bodho boten nedyo ugi atakon tetiron anarimo ing titah bodhone iku wong narimo nora becik sing becik puniniki wong narimo iku Koyo umpamane wong angabdi marang sing sang katong lawas-lawas katekan sedyane dadi mantri utowo bupati miwah saliyaning ing tyas kang tinuju.
Nuli trus narimo trusing batin tan menging ing siro rumangsane ing kani matane sihing GUSTI tumekeng nak rabi wong narimo becik kang ,mangkono iku.
Nanging arang iyo wong sakiki kang koyo mangkono kang wus kaprah iyo salawase yen wis ono lungguhe sethithik apan nuli lali ing wiwitanipun.
Pangrasane duwek'e pribadi sabarang kang kanggo datan eling ing mulo-mulane arane turun kang tuwo takwing kardi tyasing sari kasusu ing angkuh.
Tan ngroso kamurahaning WIDI jalarane leno jaman mengko yo iku mulane sanadyan narimo ing hyang WIDI iku wong tan wruh ing kanikmatanipun.
Wong tan narimo pan dadi becik tinitah hyang manon iku iyo rerupan wujute koyo wong kang ngupoyo ing ilmi lan wong ingkang arsi kapinteranipun.
Iyo pangwruh kang siro senengi kang wus sengsem batos miwah ingkang kapinteran dene ing samubarang karyo tan uwis nora kanggo lathi kabeh wus kawengku.
Uwis pinter nanging iku maksih nggoniro pitados ing kapinteranr ing undhak'e utowo unggahe kawruh yekti durung marem batin lamun durung tutug.
Yen wong kurang panarimo ugi iku langkung awon barang gawe ojo age-age anganggowo sabar sarto ririh dadi barang kardi resik lan rahayu.
Lan maninge babo dipun eling ing pitutur ingong siro ugo podo angupadi iyo marang kang jumeneng aji ing lahir myang batin den karsaning kayun.
Kang jumeneng iku hambawani karsaning hyang manon wajib podo wedi mring GUSTI ne ojo mamang parintahe aji nadyan enom ugi lamun dadi ratu.
Nora keno iyo den waoni parintahing noto dasar ratu abener printahe koyo piye nggoniro sumingkir yen tan anglakoni pasti bakal kujur.
Nanging kaprah ing mongso samangkin anggepe angrengkoh tan rumongso lamun ngapek-apek ing batine nedyo datan eling kamuktene iki ngendi sangkanipun.
Lamun eling jalarane mukti pastine tan ngono saking durung batin ngrasak'ake ing pitutur ingkang dhingin-dhingin dasar tan paduli wuruk'e wong sepuh.
Dadine sabarang tindak neki arang ingkang tanggon saking durung ono landhesane arep crito tan ono kang eling elinge pribadi dadi tanpo dapur.
Mulanipun wekasingsun iki den asring tetanyo apan lumrah wong urip kepiye mulane wong anom den taberi angupoyo ilmi pan dadi pikukuh.
Sabakdanetan ono kadyeki pinter tanpo takon ojo isin ngetokne bodhone saking bodho witing pinter ugi mung nabi sinelir pinter tanpo wuruk.
GEGURITAN DJOWO.
Sumribit angin ngelus angin sore manuk sriti bali aneng pucuke cemoro nganti tekaning wengi kang nyenyet gawang-gawang katon pasuryanmu.
Gawe tambah kekesing angin sore tumlawung roso kang ngulandoro wengi bakal tumeko maneh bareng karo wewayanganmu kang bakal ngebak'i impen tengahing wengi.
Lumaku turut petenging lurung bakal gawang-gawang campur karo mego opo kudu tak buwang bareng lumingsiring wengi ?.
Lintang-lintang alihan cumlorot telu ono pundhakku kawitan lintang abang lintang perang kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan.
Wis di.... aku sumeleh nyelehake pangarep-arepku becik njembarake dodo roso lilo lan legowo nggayuh kabegjan lan kamulyan lan ati tuwuh katresnan datan binagi ing liyan nyambung ing paseduluran.
Angrantu sinambi jumangkah ing dalan peteng kabak sandungan mecak'i lurung-lurung kang panjang satengahing oro-oro kang jembar anggondo bacin temenanan peteng kang gumeleng neng angganing insan. Soyo wengi samsoyo atis naliko aku mirenake swaraning gamelan kang ginowo dening angin prasasat tan kendhat sumribit hawane anggonku kulak warto adol rungu ananging tansah mamring . Aku wis pingin cecaketan obormu kang makantar-kantar madhangi jangkah lan jagadku ono ngendi dununge papanmu lelono topo broto tanpo pawarto tanpo sworo.
Aku kadyo sifating ron kang garing kumleyang kabur kanginan ing jagad peteng lelimengan kroso luwit abot kang panandang anggonku ngadepi dino-dino ing ngarep mlakuku ora mantep tansah ribet adoh soko cahyamu pedut ing saindering pandulu.
Tuesday, April 23, 2013
SUNGGINGAN PHOTO.
BAROTOYUDO SINOM.
Kurowo samyo amulat tandange sang senopati prajurit siyogo obor paran senopati wengi kagyat risang narpati basukarno gyo amagut ngasto pusoko dewo kyai kunto lepas aglis sang tetuko gugur kusumaning bongso.
Amuwun sang dananjoyo gugure sang putro nenggih deniro datan hanyawang gugure sang senopati sang bimo muwun ugi gugur keng putro tan weruh arjuno nyuwun lego kakrubut kurowo wani tirtonoto pandheganing pro kurowo.
Arjuno sumpah prasetyo joyojroto kudu mati awyo nganti surup suryo sang kresno andedukani sumpah kepati-pati srengengene kembar sewu kang wonten nggedhong wojo tirtonoto ungak pati kajemparing nratas jonggo mustakanyo.
Sang seno aglis tetanyo sopo kang wani mateni keng putro sang gathutkoco sang kresno ngandiko aris ingkeng roko nerpati anggereng sangseno ngudung keng roko ngaruhoro keng rayi sabar anganti semboyane sang karno bakal praloyo.
raden aryo dursasono angrekso sang banuwati tekane aryo lesmono ngirim wartaning pawarti abimanyu wus mati retno banuwati muwun dursosono cubriyo keng roko lawan permadi tanpo poyan,medal magut rananggono.
Maguting yudo sang karno perbowo kreto anitih juru kusir prabu salyo kenek'e swotomo nenggih lumawan sang permadi kusire sang cokro panu kasekten jemapringan sang karno tumekeng lalis gyo pisusungsum pro kadang ing alam swargan.