Thursday, April 25, 2013
CAKEPAN TEMBANG MOCOPAT MIJIL.
Pomo kaki podho dipun eling
ing pitutur engong
siro ugo satriyo arne
kudu anteng jatmiko ing budi
ruruh sarwo wasis
samubarangipun.
Dipun nedyo prawiro ing batin
nanging ojo katon
sasonoho yen durung mangsane
kekendelan jo wani manikis
wiweko ing batin
den samar ing semu.
Lan di mantep ing panggawe becik
lawan wekas ingong
ojo kurang iyo panrimane
yen wis tinitah marang HYANG WIDI
ing badan puniki
wus pepancenipun.
Yen wong bodho boten nedyo ugi
atakon tetiron
anarimo ing titah bodhone
iku wong narimo nora becik
sing becik puniniki
wong narimo iku
Koyo umpamane wong angabdi
marang sing sang katong
lawas-lawas katekan sedyane
dadi mantri utowo bupati
miwah saliyaning
ing tyas kang tinuju.
Nuli trus narimo trusing batin
tan menging ing siro
rumangsane ing kani matane
sihing GUSTI tumekeng nak rabi
wong narimo becik kang ,mangkono iku.
Nanging arang iyo wong sakiki
kang koyo mangkono
kang wus kaprah iyo salawase
yen wis ono lungguhe sethithik
apan nuli lali
ing wiwitanipun.
Pangrasane duwek'e pribadi
sabarang kang kanggo
datan eling ing mulo-mulane
arane turun kang tuwo takwing
kardi tyasing sari
kasusu ing angkuh.
Tan ngroso kamurahaning WIDI
jalarane leno
jaman mengko yo iku mulane
sanadyan narimo ing hyang WIDI
iku wong tan wruh ing
kanikmatanipun.
Wong tan narimo pan dadi becik
tinitah hyang manon
iku iyo rerupan wujute
koyo wong kang ngupoyo ing ilmi
lan wong ingkang arsi
kapinteranipun.
Iyo pangwruh kang siro senengi
kang wus sengsem batos
miwah ingkang kapinteran dene
ing samubarang karyo tan uwis
nora kanggo lathi
kabeh wus kawengku.
Uwis pinter nanging iku maksih
nggoniro pitados
ing kapinteranr ing undhak'e
utowo unggahe kawruh yekti
durung marem batin
lamun durung tutug.
Yen wong kurang panarimo ugi
iku langkung awon
barang gawe ojo age-age
anganggowo sabar sarto ririh
dadi barang kardi
resik lan rahayu.
Lan maninge babo dipun eling
ing pitutur ingong
siro ugo podo angupadi
iyo marang kang jumeneng aji
ing lahir myang batin
den karsaning kayun.
Kang jumeneng iku hambawani
karsaning hyang manon
wajib podo wedi mring GUSTI ne
ojo mamang parintahe aji
nadyan enom ugi
lamun dadi ratu.
Nora keno iyo den waoni
parintahing noto
dasar ratu abener printahe
koyo piye nggoniro sumingkir
yen tan anglakoni
pasti bakal kujur.
Nanging kaprah ing mongso samangkin
anggepe angrengkoh
tan rumongso lamun ngapek-apek
ing batine nedyo datan eling
kamuktene iki
ngendi sangkanipun.
Lamun eling jalarane mukti
pastine tan ngono
saking durung batin ngrasak'ake
ing pitutur ingkang dhingin-dhingin
dasar tan paduli
wuruk'e wong sepuh.
Dadine sabarang tindak neki
arang ingkang tanggon
saking durung ono landhesane
arep crito tan ono kang eling
elinge pribadi
dadi tanpo dapur.
Mulanipun wekasingsun iki
den asring tetanyo
apan lumrah wong urip kepiye
mulane wong anom den taberi
angupoyo ilmi
pan dadi pikukuh.
Sabakdanetan ono kadyeki
pinter tanpo takon
ojo isin ngetokne bodhone
saking bodho witing pinter ugi
mung nabi sinelir
pinter tanpo wuruk.
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment