Pages

Thursday, April 25, 2013





GEGURITAN DJOWO.



Sumribit angin ngelus angin sore
manuk sriti bali aneng pucuke cemoro
nganti tekaning wengi kang nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu.


    Gawe tambah kekesing angin sore
    tumlawung roso kang ngulandoro
    wengi bakal tumeko maneh
    bareng karo wewayanganmu
    kang bakal ngebak'i impen tengahing wengi.

Lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur karo mego
opo kudu tak buwang bareng lumingsiring wengi ?.


   Lintang-lintang abyoring tawang
   cumlorot sliweran naliko alihan
   kumleyang nemplok ing socamu asihku
   cahyane gumebyar sinar gilar-gilar
   ing telenge atimu sliramu tansah ndak antu.

                     Lintang-lintang alihan
                     cumlorot telu ono pundhakku
                     kawitan lintang abang lintang perang
                     kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
                     pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan.


Wis di....
aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
becik njembarake dodo
roso lilo lan legowo
nggayuh kabegjan lan kamulyan
lan ati tuwuh katresnan
datan binagi ing liyan
nyambung ing paseduluran.
 
Angrantu sinambi jumangkah
ing dalan peteng kabak sandungan
mecak'i lurung-lurung kang panjang
satengahing oro-oro kang jembar
anggondo bacin temenanan
peteng kang gumeleng neng angganing insan.

     Soyo wengi samsoyo atis
     naliko aku mirenake swaraning gamelan
     kang ginowo dening angin
     prasasat tan kendhat sumribit hawane
     anggonku kulak warto adol rungu
     ananging tansah mamring .

Aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagadku
ono ngendi dununge papanmu
lelono topo broto
tanpo pawarto tanpo sworo.

                 Aku kadyo sifating ron kang garing
                 kumleyang kabur kanginan
                 ing jagad peteng lelimengan
                 kroso luwit abot kang panandang
                 anggonku ngadepi dino-dino ing ngarep
                 mlakuku ora mantep tansah ribet
                 adoh soko cahyamu
                 pedut ing saindering pandulu.
 

No comments:

Post a Comment