Tuesday, April 23, 2013
SINOM.BROTOYUDO.
Perang geng barotoyudo
perange satriyo tanding
pandowo lawan kurowo
aryo SETO hamurwani
dadi sang senopati
ing palagan gyo magut
maju ing rono anggo
tanding yudo lan sang resi
ing talkondo peparab begawan
bismo.
Senopati kakalihnyo
unggul kasektene aji
tan ono bonggo puliho
resi bismo anjemparing
aryo seto ngemasi
mati satemah gugur
dadi kusumo bongso
amitungkas lan ameling
ngger putuku baroto yudo tutugno.
senopatining wanodyo
sesilih roro srikandi
magut ing rono anggo
garwane risang permadi
sang bismo nguningani
semune mesem gumuyu
kaulungno jajanyo
risang bismo wus mangerti
anetepi sumpae sang dewi ganggo.
Gugur madyaning palugon
resi bismo mitungkasi
barotoyudo tutugno
nganggoho wewaton suci
wus rampung nyasmitani
jayane kanti winangun
tanggaping poro wayah
sasmitaning risang resi
gyo murwani tutuke sang brotoyudo.
Nyoto risang prabu kresno
kang hamomong poro suci
mranoto baris sawego
pro pandowo senopati
werkudoro katiti
sang arjuno binantu
terwoco dhawuhiro
gyo jumangkah magut wani
senopati kakalihnyo rananggono.
Mulat barising kurowo
pandhegane kurupati
soko sewu negoro
sawego amagut aglis
barise sorak wani
pangawase ingkang guru
risang begawan druno
pangarepaning senopati
gelar baris cokro biwoho samapto.
Tandange sang werkudoro
tanding yudo nggegirisi
ratu sewu negoro
juluk prabu gardo pati
raden arjuno ugi
tanding yudo trus asengkut
lawan prabu wersoyo
kang minongko senopati
gardo pati,wersoyo tekeng praloyo.
Resi sempani angreko
apesing sang senopati
murih apesing pandowo
risang seno lan permadi
amembo ndorowati
bothoro kresno sang prabu
njujug ongkowijoyo
kawisudo senopati
sarimbitan rojo mudo gathutkoco.
Wus dadi sumpah prasetyo
abimanyu duk ing uni
karanjaping gaman sosro
naliko jaman utari
anggo katah jemparing
sang ongkowijoyo gugur
mulat sang gathutkoco
prasetyane belo pati
tengah ratri pangamuk'ing tandangiro.
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment