Sunday, April 21, 2013
KARANGAN TEMBANG
MOCOPOAT GAMBUH.
1.Mbuh nganti pirang taun
anggonku tansah angantu2
keno opo sliramu ngleledho ati
kang lagyo kataman wuyung
mung tansah nandang
kunjono.
2.Gambuh panglipur wuyung
sopo wae ingkang nandang gandrung
mugi-mugi damel lejaring panggalih
bisane amung lelipur
ywo nganti katompo awon
3.Ben arep mapan turu
amung tansah kelingan sliramu
sig kepiye tak gawe supoyo lali
pikiran tansah karidu
sliramu tansah ngleledho.
4.Bisane muhung nyuwun
kunjuk GUSTI ingkang moho agung
mugo-mugo enggal tansah ngudaneni
manggih basuki rahayu
sandang bogo kecukupan.
5.Anane amung nesu
pasang ulat ngati koyo pedhut
srogal-srogol waton biso lego ati
tindak'e kang grusa-grusu
andadek'ake suloyo.
6.Meh nganti koyo babu
nyambut gawe kawit soko esuk
awan sore,lerene yen wanci bengi
rekasanipun keng ibu
mugo tansah ingayoaman.
7.Jo kasusu anutuh
sing pratitis jo mung waton ngawur
ndang dirembug bebarengan dimen
becik
ojo amung grusa-grusu
ora waton gunemiro.
8.Mumpung durung kabacut
lerenono anggoniro nginum
singkirono madat,wadon tuwin main
mergo iku ono ukum
ingkang sinebut MO limo.
Ing ninggil,tembangan gamuh panglipur wuyung,kaselip gambuh wejangan.
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment