Tuesday, April 23, 2013
KINANTHI WAYANG.
Wayang gegambaranipun
tumrape wong tanah jawi
wewayangan becik olo
prayogane den srantani
den ejo jroning lelakon
saking dhalang kang anyanggit.
Gegambaran saenipun
putro PANDHU lawan KUNTHI
sinebut wongso pandhowo
ingkang cacah limang ngglintir
punto,seno lan arjuno
nakulo sadewo ragil.
Ing amarto kratonipun
prabu PUNTODEWO nenggih
pambayun broto pandhowo
anggarwo dewi drupadi
apeputro mijil priyo
raden poncowolo kasih.
Pidekso gagah anggungung
panenggak pandowo nenggih
kekasih sang brotoseno
anggarwo dewi arimbi
mijil jabang sang tetuko
raden gathutkoco nenggih.
Satriyo arupo bagus
panengah pandowo nguni
kekasih radyan arjuno
ugo aran sang permadi
wahyune makutho romo
trahing ratu tanah jawi.
Pandowo wuragilipun
satriyo kembar kang warni
aran nakulo sadewo
pinten tangsen kang kekasih
wayah saking mondoroko
prabu salyo kang ngratoni.
Minongko pangawak'ipun
sang noto ing dworowati
jejuluk sang prabu KRESNO
dadyo utusaning adil
rojo pangawak bathoro
wisnu ingkang nggelar bumi.
ingkang madeg botohipun
kyai semar kang murwani
yo sang kyai bodronoyo
pangawak ismoyo jati
putro sang ruci bathoro
nuntun satriyo kang suci.
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment