Tuesday, April 23, 2013
NYEKAR WAYANG DHANDHANG GULO.
Wayangane kang olo ing budi
dhemen marang tindak kang candolo
nyoto nistho pakartine
putro wongso ing kuru
saking putri dewi gendari
dipati destrorastro
guru lakinipun
wilangan satus keng putro
roso ngungun jroning galih sang dipati
ingaran trah KUROWO.
dadi rajo nadyanto to mung wakil
panguwoso nadyan cacat ing kang netro
mung amundhi titipane
prabu pandhu rumuhun
kang palastro amarak GUSTI
anaku yen dewoso
wong pandowo iku
enggal nuli kaparingno
ing hastino enggal kaparingno nuli
lali anggendhong putro.
Mongko cacah satus kang winarni
aneng ngendi mbesuk'e amanggon
yen negoro kaparingne
putrane prabu pandhu
wong pandhowo mung limang glintir
nasipe wong kurowo
rekaos asampun
putrane sang duryudono
kawisudho dadi ratu angukui
hastino ngedro prastho.
Ambahu dendho anyokrowti
pambarepe puto destorastro
sang ratu anom gelare
ngranggoni darah kuru
ajejuluk sang kuru pati
mitenah wong pandowo
dadi klilipipun
angukuhi dhampar dento
dibelani rekyono patih sangkuni
angajab brotoyudo.
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment