Tuesday, April 23, 2013
SEKAR SHOLAT
DHADHANG GULO.
Wayah adzan ngumandhang miyarsi
age enggal sholato sembahyang
ajeg ing limang wektune
jam rolas sholat dhuhur
kanti kitmat sajroning ati
jam telu sholat ashar
sonten wancinipun
mlebu surup jroning wayah
nindak'ake sholat wajib aran mahgrib
kasusul sholat isyak.
Sholat sunah ing tengahing wengi
katindakno jroning rong rokaat
ing ratri sepertelone
aran sholat tahkajud
sampurnane dhizir lan wirid
nyebut asmane ALLOH
ingkang moho agung
kalakone istiqomah
mugo GUSTI tansaho ngijabahi
ing reh panyuwun kulo.
Wanci shubuh ndang dilaeksanani
tengah limo wancine wus adzan
nggugah muslim podho sare
mapak ing dino esuk
rong rokaat disampurnani
dongo puji-pujian
kunjuk asmaniPun
piyambak'e GUSTI ALLOH
kang kuwoso ngratoni langit lan bumi
kulo nyuwun aksomo.
Sampun jangkep limang wektu nenggih
maksih wonten sholat-sholat sunah
kanggo nutup kurangane
romadon sasinipun
nindak'aken sholat tarawih
enjing nindakne poso
ing sewulan nutug
iku wajib linakonan
kanggo nglebur doso-doso duk ing uni
meper nafsu lan howo.
Lamun tuntas nindak'ake wajib
umat islam nganakne rioyo
kudu suci ing atine
tindak pakartinipun
koyo jaman selagi lahir
kang uwal soko dedosan
lahir batinipun
ngapuro ing apuronan
sunah nindak'ake sholat aidul fitri
sholat telung rokaat.
Prengetane njeng NABI IBRAHIM
kang den uji tumanduk keng putro
NABI ISMAIL asmane
nopo to dhawuhiPun
sang atmojo kinen nyembelih
wontene mung sendiko
reh parintahipun
GUSTI ALLOH moho welas
paring liru wewujutan kewan kambing
hari rioyo kurban.
ODO-ODO GIRISO. ( islami ). lawas.
Wilangane tombo ati
sajugo moco AL-QUR'AN
angen-angen,angen-angen sakmaknane
sholat wengi lakonono
srawungane pilah-pilih, o ,wong kang sholeh kumpulono o,
saranane den srantani o, panyuwunan saban wengi
dzikir,wirit ingkang suwe.............o
SULUK SEKAR .PANGKUR,islami.PL.6
Kangen pasuryan paduko
kanjeng nabi kang angon langit lan bumi
kithaning berkah lan ngilmu
endah tan kinoyonthoko
kekasihing GUSTI ingkang moho luhur
dhuh nabi nyuwun margo
margi dalaning ilahi.
Wulan mulud lahiriro
kanjeng nabi minongko guru sajati
sinten to sudarmanipun
asmo raden abdulah
ingkang ngukir jiwo tuwin raganipun
kanjeng siti aminah
ing mekah papan kang suci.
Adeg-adeking agomo
dadi pancer minongko ageman suci
ageman ingkang rinasuk
ponco warno perkoro
tilarane jujungan kito njeng rosul
minongko dadi tuntunan
tuntunane wong aurip.
Minongko purwo agomo
agemane poro biksu lan resi
winastan agomo hindu
ugo agomo budho
kalorone minongko agomo tuwuh
ajaran budhi sanyoto
ajaran brahmono suci,
Kitab injil kang minongko
tuntunane ing agomo nasrani
NABI ISA rosulipun
putro bopo ing surgo
ajarane tresno ing sasaminipun
katolik kristen protestan
sang kristus kang sembah mami.
Panyampurnaning agomo
kang angasto muhammad rosul mami
menopo kitabpipun
nomo kitab AL-QUR'AN
kang minongko pustoko tuntunanipun
winastan agomo islam
ageman agomo suci.
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment